Macapat, Tembang Tradhisonal ing Tlatah Jawa

by Unknown , at 12:13 , has 0 comments
Tembang Macapat inggih menika tembang tradhisional saking tanah jawa sing saben bait nduweni baris kalimat ingkang kasebut Gatra, lan saben Gatra iku nduweni guru wilangan lan dipun pungkasi nagangge uni pungkasan sing diarani Guru Lagu.

Macapat saged dipun maknani maca papat - papat, inggih menika dipun waca saben patang wanda utawi suku kata.

Aturan - aturan jroning tembang Macapat iku mau antara liya :
  • Guru Gatra : wilangan larik / gatra saben pada utawa bait.
  • Gru Wilangan : wilangan wanda ytawi suku kata saben Gatra.
  • Guru Lagu : tibane swara wanda utawi suku kata ing akhiran saben gatra

Dene, Sekar utawa Tembang sejatine ono werna werna, lumrahe inggih menika dpierang utawa dibagi dadi telung jenis inggih menika sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.

Sekar Alit
Macapat iki ugu kasebut macapat asli sing umume dienggo sumrambah ning ngenndi wae. Urutane tembang Jawa iku padha karo lakone menungso wiwit bayi nganti tumekaning pati, menika urutane:

- Maskumambang : gambarake jabang bayi sing isih ono kadhutan kaliyan ibune.
- Mijil : ateges lahir lan wis cetha priya utawa wadon.
- Sinom : ateges kanoman utawa bocah ingkang nom noman.
- Kinanthi : saking tembung kanthi ateges dituntun supaya bisa ngambah panguripan ing jagad ndunya.
- Asmarandana : rasa tresna marang liyan (priya lan wadon).
- Gambuh : saka tembung sarujuk yen wis jumbuh banjur gathuk antarane priya lan wanita utawa wadon sing pada tresnane.
-

Macapat, Tembang Tradhisonal ing Tlatah Jawa
About
Macapat, Tembang Tradhisonal ing Tlatah Jawa - written by Unknown , published at 12:13, categorized as Kabudayan , Tembang . And has 0 comments
0 comments Add a comment
Bck
Cancel Reply
Copyright ©2013 Pawarta Jawa by
Theme designed by Damzaky - Published by Proyek-Template
Powered by Blogger